Lebda Basa Jawa
Ayo padha sinau Basa Jawa supaya dadi lebda (pinter)
Basa Jawa. Ana ing kalodhangan iki bakal disinaoni babagan sesorah. Apa
ta sesorah iku? Kepriye ancas tujuwane sesorah? Kepriye carane nindakake
sesorah iku? Lan bab apa wae kang prelu digatekake nalika sesorah? Ana ing ngisor iki bakal diandharake babagan sesorah kanthi ringkes.
Sesorah
Sesorah iku bisa diarani tanggap wacana, medhar
sabda, lan uga diarani pidhato. Sesorah yaiku micara utawa nglairake gagasan,
panemu kanthi sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah minangka kagiyatan
micara ing sangarepe wong akeh kanthi ancas utawa tujuwan kang maneka warna.

Ancas lan tujuwan sesorah yaiku:
1.
Atur pambagya
Sesorah
kanggo nampa rawuhipun tamu ana ing sajroning adicara. Tuladhane
sesorah ing adicara supitan, tanggap warsa
2.
Atur kabar/pawarta
Sesorah
kang ancase menehi informasi. Informasi iki bisa awujud nyritakake sawijining
bab kanggo pamiarsa, mula bab kang diwedharake kudu cetha. Tuladhane
sesorah ing adicara rapat organisasi
3.
Atur panglipur
Sesorah
sing isine menehi panglipur supaya wong sing ngrungokake seneng atine. Tuladhane
sesorah ing adicara kesripahan/ atur bela sungkawa
4.
Atur pangajak/ daya pangaribawa
Sesorah
kang ancase supaya wong sing ngrungokake ngerti, kepencut atine saengga gelem
nindakake apa kang diwedharake dening pamedhar sabda. Tuladhane
sesorah keagamaan lan kampanye pemilihan presiden.
Cara
kang bisa ditindakake nalika sesorah yaiku:
1.
Kanthi cara maca yaiku nggawa teks
sesorah banjur diwaca.
2.
Kanthi cara nggawa cengkorongane sesorah
banjur dijlentrehake.
3.
Kanthi cara apalan yaiku ngapalake teks sesorah.
4.
Kanthi cara impromptu utawa spontan
yaiku tanpa ana persiyapan.
Rantaman
sesorah iku rancangan utawa reng-rengan anggone arep sesorah.
Rantaman/ cengkorongan sesorah
yaiku:
1.
Salam pambuka
Isine
ngucap salam dhumateng para tamu kang rawuh, manut
kapitayan karo swasanane.
2.
Purwaka basa
Isine
ngenani munjukake rasa syukur marang Gusti lan uga atur panuwun marang para
tamu kang kersa rawuh sarta
kang wis mbiyantu lumakune adicara.
3.
Surasa basa
Isine babagan underaning bab kang arep
diwedharake.
4.
Pangajab
Isine babagan pangarep-arep kang dikarepake marang
sing ngrungokake.
5.
Wasana basa
Isine ngenani atur panuwun lan uga
pangapura.
6.
Salam panutup
isine babagan
ngaturake salam kang pungkasan.
Bab wigati kang prelu digatekake
nalika sesorah:
1. Basa
Basa kang digunakake kudu
cocog/laras karo wong kang ngrungokake. Wong sesorah iku kudu ngerteni kaanan,
ana ing adicara pahargyan, tanggap warsa utawa
kesripahan. Nalika wong sing diadhepi iku bocah basa kang digunakake
basa ngoko alus. Dene sing diadhepi iku wong tuwa utawa wong sing dikurmati,
basa kang digunakake basa krama alus. Wong nindakake sesorah iku prayogane
nggunakake basa kang gampang dimangerteni dening pamireng. Basa lan ukarane
prasaja lan ora ngambra-ambra.
2. Busana
Anggone sesorah prayogane migunakake
busana kang becik lan sopan. Kaya unen-unen “ajining dhiri ana ing lathi,
ajining raga ana ing busana.” Busana iku bisa dadi sarana kanggo ngurmati lan
ngajeni wong sing mirengake lan bisa kanggo ngajeni awake dhewe.
https://kebudayaan.kemdikbud.go.id/bpnbyogyakarta/wp-content/uploads/sites/24/2018 /10/10-1.jpeg
https://kebudayaan.kemdikbud.go.id/bpnbyogyakarta/wp-content/uploads/sites/24/2018 /10/10-1.jpeg
3.
Swara
Anggone
sosorah kudu nggatekake wiramaning swara supaya kepenak dirungokake. Swaranalika
sesorah aja nganti keseron. Ora kena kelirihen supaya ora kaya wong umak-umik.
Tembung-tembung kang diucapake kudu cetha, ora kecepeten saengga gampang
dingerteni karepe.
4.
Solah bawa/patrap/tindak-tanduk
Anggone sesorah iku kudu manteb lan
teteg, madhep marang para tamu kang rawuh. Tangane ngapurancang, aja ndungkluk
utawa ndingkluk.
https://kebudayaan.kemdikbud.go.id/bpnbyogyakarta/wp-content/uploads/sites/24/2018/10/10-1.jpeg
https://kebudayaan.kemdikbud.go.id/bpnbyogyakarta/wp-content/uploads/sites/24/2018/10/10-1.jpeg
Tuladha Sesorah
Sesorah
Ketua Panitia Pengetan Dinten Kamardikan
Sugeng dalu, dhumateng para sesepuh pinisepuh
ingkang tansah kula kurmati. Bapak Kepala Desa Sidoharjo ingkang kinurmatan.
Para bapak, ibu sumrambah dhumateng sedherek kadang mudha ingkang tansah
minulya. Saderengipun sumangga kawula dherekaken ngunjukaken puja miwah puji
syukur dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Kuwaos. Awit saking paringipun
rahmat lan barokahipun awujud kesarasan. Katitik ing dalu punika kula lan
panjenengan saged nglonggaraken wekdal kempal manunggal ngrawuhi adicara
pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 73 punika kanthi
wilujeng boten wonten alangan setunggal punapa.
Wonten ing mriki keparenga kula matur minangka ketua
panitia badhe ngaturaken agunging panuwun, awit para warga sampun kersa rawuh
ing adicara punika. Boten kesupen kula ugi ngaturaken agunging panuwun awit
sedaya pambiyantu ingkang awujud punapa kemawon, saengga adicara pengetan
dinten kamardikan punika saged kalampahan kanthi lancar.
Para rawuh
ingkang tansah kula kurmati, bangsa Indonesia sampun pikantuk kamardikan rikala
tanggal 17 Agustus 1945. Kamardikan punika awit saking labuh labetipun lan
pambiyantinipun saking para pahlawan kangge bangsa Indonesia. Para pahlawan
ngorbanaken jiwa, raga, lan punapa kemawon kangge mbela bangsa. Pramila kangge
paring panuwun lan pakurmatan dhumateng para pahlawan awit saking
pangorbananipun, satemah kula lan panjenengan saged ngraosaken ayem, tentrem,
lan gesang kanthi guyub rukun mboten nggadhahi raos ajrih kajajah dening bangsa
sanes. Saben tanggal 17 Agustus dipunwontenaken pengetan dinten kamardikan,
kados ing dalu punika.
Kula ngajab
dhumateng para mudha supados tansah mbudidaya lan nyengkuyung punapa kemawon
kegiyatan ingkang saged ndadosaken negara punika majeng, adil lan makmur. Para
warga saged gesang sesarengan kanthi ayem, tentrem, guyub rukun kados
gegadhanganipun para pahlawan ingkang sampun seda rikala semanten.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi
wonten klenta-klentunipun atur saha suba sita ingkang boten mranani penggalih
panjenengan kula ngaturekan agunging pangapunten.
Nuwun.
Kanggo nambah kawruh lan mangerteni tuladha liya, bisa nonton tuladha video ing ngisor iki!
Bab kang gegayutan karo sesorah
uwis kaandharake kanthi ringkes ana ing tuladha ndhuwur. Muga-muga kanthi nyinaoni
babagan sesorah iki, bisa paring kawruh lan mumpangat kanggo para pamaos.
Sae sanget mbak. Saged kangge referensi sinau sesorah.
BalasHapusInggih, matur nuwun mbak Anwachidda
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
HapusMaturnuwun mbak, materinya sangat lengkap dan mudah dipahami.
BalasHapusCocok sekali untuk saya yg sedang belajar sesorah
Nggih, sami-sami mbak Ikke. Matur nuwun
HapusNggih, sami-sami mbak Ikke. Matur nuwun
Hapus